Sabtu, Februari 01, 2014

TANGGAP WACANA (PIDATO)



TANGGAP WACANA (PIDATO)
Tanggap wacana (pidato) inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Ingkang gamblangipun ngendika wonten sangajengipun tiyang kathah kanthi maksud ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud ingkang gumathok. Ingkang dipun maksud tiyang kathah punika mboten wonten batesipun, ingkang baken langkung saking sedasa kinten-kinten semanten.
Tujuanipun pidato (tanggap wacana)
Ancasipun pidato biasanipun kathah ingkang mbentenaken dados 3
  1. Kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes
  2. Kangge nyaosi karemenan dumateng dumateng ingkang midangetaken, utawi peparing panglipur dumateng ingkang midangetakenipun suwundening pamwar
  3. Kangge nggerpol utawi mengaruhi pamangih utawi pendirian ingkang mirengaken supados tumindak kang dipun suwun dening pamwacara.
         Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saget mangertos saha paham dumateng punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken pamwacara (ingkang maringi pidato)
         Bilih tanggap wacana kangge nyaosi karemenan dumateng ingkang midangetaken, pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saget rumaos rena ing penggalih.
        Bilih tanggap wacana kangge mengaruhi pamanggih pramila tanggapan saking pamidanget ingkang dipun kajengaken inggih punika kkakpitadosan pamidanget dumateng punapa ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken dumateng punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken saking pamicara.
          Mboten ngemungaken punapa kemawon, nanging mbok bilih tanggap wacana gadah ancas supados tetiga punika saget dipun cakup sedaya, pramila pidato (tanggap wacana) dipun kempalaken tetiganipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar