Minggu, Februari 09, 2014

ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU SEPEKENAN BAYI

<!--[if gte mso 9]> aaa Normal aaa 2 3 2014-02-09T13:51:00Z 2014-02-09T13:51:00Z 2 523 2983 24 6 3500 12.00 <![endif]
ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU SEPEKENAN BAYI
Assalamu’alaikum wr.wb.”
Nuwun!
Para pinisepuh ingkang kanibekten. Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat ingaosan!
Saderengipun nyuwun pangapunten ingkang agung,awit kula jumeneng wonten ngarsanipun panjenengan sami, boten nami ngirangi tata trapsila,ananging ngengeti kawontenan ingkang mekaten. Kula nun, kaparenga sumela atur, nggempil kamardikan panjenengan sekalian kalanipun saweg sekeco wawan pangandikan.
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putrid, bilih saking keparenganipun Bp………………sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos-pangraos ingkang mijil saking telenging manah.
Langkung rumiyin Bp………………… sekaliyan mocap puji sukur dating ngarsanipun Pangeran ingkang murbeng dumadi, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun ingkang angka……………
Kaping kalihipun Bp………… sarimbit mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawana putrid. Bapak ………… sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kapereng nglonggaraken wekdal saha panggalih saged sowan ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah. Bapak…….. sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresno, ingkang sakalangkung ndadosaken bombing bebeg bingahing manah.
Kejawi punika Bp………. Sekaliayan ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun paring sumbangsih kedarman ingkang arupi punapa kemawon; bau-suku, rigen pratikel saha pisungsung ingkang maneka warni, ingkang tudhonipun damel ngengrengsaha regenging pasamuan sarta cekaping kaperluan punika. Ingkang mekaten mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paringpiwales ingkang sakmurwatipun.
Wondene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, rikala dinten…………. tanggal…….wulan ……tahun…… utawi surya kaping ………., tahun……..,Bapak saha Ibu…………, angsal kanungrahaning Pangeran pikantuk putra ingkang mijil….., wonten ing griya sakit……………………….., kanti wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
Awit berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwih jabang bayi tansah wilujeng nir ing samberkala sumrambah sagung para rawuh.
Putra ingkang angka ……., punika dening Bp……. Sekaliyan dipun paring tetenger “…………….” Ewandene Bapak ………….. sekaliyan taksih ngresahi nyuwun gungan tumrap tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika pinaringan berkah pangestuning Pangeran saged murakapi dumateng tiyang sepuhipun saged mikul duwur mendhem jero. Saged migunani dhateng masyarakat bebrayan, murakabi tumrap pembangunan ingatasipun nusa lan bangsa, saha agami, lajeng saged dados pendekaring bangsa.
Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun karantam tharik-tharik, ewandene taksih kathah tunadungkaping tumindak, langkung-langkung tumrap atur pamboja karma sarta kiranging pangrengkuh anggenipun mapanaken, kajarag wontenipun papan saha kirang trepsilanipun anggenipun mapanaken.
Ingkang makaten wau Bp………….. sekaliyan boten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten thithaling rembag saha kirang trepsilaning anggen kula matur awit kiranging seserepan kula, sarta kirang titi tata patitising atur tetembungan , jenang sela, sela kang pindha ancala, apuranta mugi cinandhi ing salama-lama.
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
Matur nuwun !

-->

Kamis, Februari 06, 2014

PERSIAPAN PIDATO (TANGGAP WACANA)

PERSIAPAN PIDATO (TANGGAP WACANA)

Kados pundi rantamaning adicara tanggap wacana ingkang sampun dipun siapaken, tamtu taksih wonten thitaling saha taksih wonten kekiranganipun, bilih ingkang midangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman punika.

Ing salebeting tanggap wacana satunggaling pananggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, mbok bilih piyambakipun ugi nglumantaraken kanti wacana ingkang sae ugi.

Awit saking punika kedah dipun gatos-aken pekawis-pekawis ingkanng kirang mranani penggalih dumateng para ingkang midanget.

1. Sikep sarira ingkang kirang mranani :

·         Jumeneng kanti lelambaran setunggal suku.

·         Jumeneng kanti suku sakelangkung rapet.

·         Jumeneng kanti suku sakelangkung mekar.

·         Jumeneng kanti loyo/mboten wonten semangat.

·         Jumeneng kirang imbang.

·         Jumeneng kanti lelendehan papan wicara.

·         Ngewah-ngnewah sarira.

·         Jumeneng mboten kanti kapitadosan ingkang gumathok.

·         Jumeneng kaku.

·         Jumeneng mboten nggantosaken papan panggenan.

 

2. Ewah-ewahing pasuryan ingkang kirang mranani:

·                Gumujeng ingkang dipundamel-damel.

·                Asring mesem.

·                Mbesengut.

·                Tumungkul.

·                Gugup.

 

3. Ewah-ewahing sarira ingkang moten mranani :

·         Asring ngebahaken satunggaling bagiyan sarira.

·         Ngebahaken bagiyan sarira kanti tida-tida.

·         Ngebahakenbagiyan sarira kanti mboten trep kaliyan ingkang dipun ngendikakaken.

·         Asring m,bondo tangan.

·         Asring ngukur talingan.

·         Nglebetaken asta wonten ing sak clana.

·         Asring mirsani cathetan.

·         Asring ningali nginggil.

·         Mboten nggatosaken ingkang midangetaken, lsp.

Sasanesipun punika ugi kedah dipun gatosaken perkawis-perkawis kados ing ngandap punika :

a. Sora lan mbotenipun suwanten.

b. Iramaning suwanten.

c. Rancaking pawicaran ingkang salaras kaliyan tandha-tandhaning anta wecana.

d. Suasananing suwanten ingkang salaras kaliyan kawontenan.

 

RANTAMAN POKOK-POKOK TANGGAP WACANA

Ing salebeting wacana kedah kamot perkawis ingkang kados punika kanti rantaman ingkang sampun turut :

a. Salam pembuka.

b. Purwaka.

c. Isi.

d. Wigatining (kesimpulan).

e. Pengajg-ajeg.

f. Wusana (panutup).

Jangkepanipun kados mekaten :

a. Salam pembuka.

Inggih punika ngaturaken salam ingkang sepindhah. Ing racikan punika dipun aturaken salam pembuka Assalamu’alaikum wr.wb. “ lankung rmiyin. Mbok bilih wonten ingkang ngaturaken atur salam pembuka punika dipun wiwiti kanti nyebat ingkang rawuh rumiyin.ananging miturut ajaran islam, mboten wonten ginanipun ngaturaken salam sasampunipun ngaturaken/nyebat para rawuh. Pramila ing racikan punika dipun purwakani kanthi salam rumiyin lajeng dipun lajengaken nyebat asma para rawuh.

b. Purwaka.

Inggih punika atur matur nuwun dumateng para tamu undangan. Saha atur syukur dumateng Allah swt. Lsp.

c. Isi.

Inggih punika sedaya perkawis ingkang dipn wedaraken.

Wigatining (kesimpulan)

Inggih punika inti saking isi ingkang sampun dipun wedaraken.

 

 

d. Pangajeng-ajeng.

Ingih punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun wedaraken dumateng para ingkang midangetaken.

e. Wusana.

Inggih atur matur nuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun nyaosi pangertosan.