Minggu, Februari 09, 2014

ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU SEPEKENAN BAYI

<!--[if gte mso 9]> aaa Normal aaa 2 3 2014-02-09T13:51:00Z 2014-02-09T13:51:00Z 2 523 2983 24 6 3500 12.00 <![endif]
ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU SEPEKENAN BAYI
Assalamu’alaikum wr.wb.”
Nuwun!
Para pinisepuh ingkang kanibekten. Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat ingaosan!
Saderengipun nyuwun pangapunten ingkang agung,awit kula jumeneng wonten ngarsanipun panjenengan sami, boten nami ngirangi tata trapsila,ananging ngengeti kawontenan ingkang mekaten. Kula nun, kaparenga sumela atur, nggempil kamardikan panjenengan sekalian kalanipun saweg sekeco wawan pangandikan.
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putrid, bilih saking keparenganipun Bp………………sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos-pangraos ingkang mijil saking telenging manah.
Langkung rumiyin Bp………………… sekaliyan mocap puji sukur dating ngarsanipun Pangeran ingkang murbeng dumadi, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun ingkang angka……………
Kaping kalihipun Bp………… sarimbit mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawana putrid. Bapak ………… sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kapereng nglonggaraken wekdal saha panggalih saged sowan ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah. Bapak…….. sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresno, ingkang sakalangkung ndadosaken bombing bebeg bingahing manah.
Kejawi punika Bp………. Sekaliayan ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun paring sumbangsih kedarman ingkang arupi punapa kemawon; bau-suku, rigen pratikel saha pisungsung ingkang maneka warni, ingkang tudhonipun damel ngengrengsaha regenging pasamuan sarta cekaping kaperluan punika. Ingkang mekaten mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paringpiwales ingkang sakmurwatipun.
Wondene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, rikala dinten…………. tanggal…….wulan ……tahun…… utawi surya kaping ………., tahun……..,Bapak saha Ibu…………, angsal kanungrahaning Pangeran pikantuk putra ingkang mijil….., wonten ing griya sakit……………………….., kanti wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
Awit berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwih jabang bayi tansah wilujeng nir ing samberkala sumrambah sagung para rawuh.
Putra ingkang angka ……., punika dening Bp……. Sekaliyan dipun paring tetenger “…………….” Ewandene Bapak ………….. sekaliyan taksih ngresahi nyuwun gungan tumrap tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika pinaringan berkah pangestuning Pangeran saged murakapi dumateng tiyang sepuhipun saged mikul duwur mendhem jero. Saged migunani dhateng masyarakat bebrayan, murakabi tumrap pembangunan ingatasipun nusa lan bangsa, saha agami, lajeng saged dados pendekaring bangsa.
Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun karantam tharik-tharik, ewandene taksih kathah tunadungkaping tumindak, langkung-langkung tumrap atur pamboja karma sarta kiranging pangrengkuh anggenipun mapanaken, kajarag wontenipun papan saha kirang trepsilanipun anggenipun mapanaken.
Ingkang makaten wau Bp………….. sekaliyan boten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten thithaling rembag saha kirang trepsilaning anggen kula matur awit kiranging seserepan kula, sarta kirang titi tata patitising atur tetembungan , jenang sela, sela kang pindha ancala, apuranta mugi cinandhi ing salama-lama.
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
Matur nuwun !

-->

Tidak ada komentar:

Posting Komentar